Cari Blog Ini

Rabu, 29 April 2020

CARA MEMILIH JURUSAN KULIAH


Udah lama nih ngga nulis di blog. Oke, kali ini aku ingin sharing tentang pengalaman dalam memilih jurusan kuliah ya. Silahkan lanjut membaca bagi yang berkenan membaca.

Sebelumnya perkenalkan, aku dari jurusan kimia di salah satu universitas di jogja. Tau UGM kan, nah kalo universitas aku ada di sebelah nya. Tau kan. Yang belum tahu bisa search aja di google maps haha.

Oke permasalahan untuk temen-temen yang mau lanjut kuliah tapi bingung mau pilih jurusan apa. Ini aku ada sedikit tips dan trik ala-ala aku dalam memlilih jurusan.

Yang pertama, yang wajib dilakuin adalah tahu tujuan/goals yang mau diperoleh dari kuliah. Misal nih kan aku sekarang ambil kimia, nah tujuan ku ambil jurusan itu karena berhubungan dengan cita-cita ku yang ingin menjadi seorang apoteker. Iya betul, menjadi apoteker harus dari jurusan farmasi, ya seengaknya bisa kerja di rumah sakit bisa di laboratorium obat kan hehe.  Nah kalo udah punya tujuan, kita lanjut lagi ke tips ke dua.

Yang kedua, perlu dilakuin yaitu cari sebanyak banyak nya referensi universitas dan jurusan. Jangan lupa untuk lihat akreditasi dari jurusan kalian ya, karna itu sangat sangat penting untuk mendaftar kerja. Ibarat kata, ketika uiversitas atau jurusan sudah punya nama/branding maka akan lebih mudah kalian untuk mencari pekerjaan selinier dengan jurusan yang diambil.

Yang ke tiga, sesuai kan dengan passion atau kehlian temen-temen. Karna gini, di kuliah ini ada beberapa orang yang merasa salah ambil jurusan seiring berjalan nya waktu, akhirnya memutuskan untuk pindah jurusan atau bahkan keluar dan ngga lanjut kuliah. Kalian jangan sampai seperti itu ya, semoga aja tidak. Jadi penting banget untuk memilih jurusan yang sesuai dengan kemampuan. Misal, kalian lemah dalam bidang hitung menghitung, sebaiknya hindari jurusan matematika, akutansi, fisika, dsb yang jurusan nya banyak hitung menghitung. Kenali dulu pribadi dan passion kalian baru pilih jurusan yang sesuai.

Yang ke empat, jangan minder dengan biaya kuliah. Sekarang beasiswa sudah banyak. Tinggal temen-temen berusaha untuk mencari informasi dan berperan aktif untuk mengikuti seleksi. Di universitas negeri juga ada beasiswa bidikmisi bagi yang kurang mampu, beasiswa djarum, PPA, beasiswa unggulan dsb yang bisa jadi peluang untuk temen-temen ambil. Perlu diingat, untuk jurusan yang berbau teknik itu memang biaya yang dikeluarkan lumayan besar karena praktik nya banyak dan fasilitas untuk alat-alat praktik juga banyak, jadi wajar kalau fakultas teknik biaya nya lumayan tinggi. Tapi jangan berkecil hati dulu, karna sistem sekarang pakai UKT (Uang Kuliah Tunggal). Kalau di universitas ku, disana kita mengisis form data diri dan segala fasilitas yang kita miliki. Dari situ pihak universitas akan menyesuaikan dengan kemampuan finansial yang temen-temen miliki. Jadi hati-hati dalam mengisi lembar form itu, kalo ngga ingin dapet UKT mahal. 

Sekian, itu yang bisa aku bagi buat temen-temen. Kalau mau nanya-nanya, boleh. Hanya sebatas sharing, banyak kurang nya itu wajar ya silahkan di kritik. Terimakasih sudah membaca sampai akhir.

Semangat untuk memilih jurusan yang tepat! Karna yang bagus belum tentu tepat J

Salam saintis muda!

Selasa, 15 Maret 2016

Makalah Gamelan Jawa


BAB I
PANGRIYENAN

A. Pawedangging Perkawis
Indonesia punika nagari ingkang kagungan kabudayan ingkang werni-werni. Kabudayan ugi adat ing saben wilayah benten-benten. Kabudayan ingkang werni-werni punika ingkang ndadosaken nagari indonesia nagari ingkang kathah kabudayan. Indonesia khususipun tlatah jawa menika  ingkah gadhai nilai filosofi kabudayan langkung inggil.  Perkara punika dadosaken tiyang-tiyang jawa nggadahi tata krama ingkang inggil ugi. Boten namung bab tata krama, tlatah jawa ugi nggadahi mapinten-pinten werni dhaharan, kesenian, ageman, saha piranti gamelan. Kadosta ingkang badhe kita rembag ing makalah punika.
Gamelan miturut Baoesastrsa Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika araning tetabuhan kang rericikanipun kathah sanget. Bahan ingkang biasanipun dipinangge damel gamelan arupi perunggu utawi gangsa. Gamelan nggadahi mapinten-pinten werni piranti. Kadosta bonang, kenthuk, kendang, kempul, saron, gender, rebab, gambang, suling, siter, gong, slentem, demung, peking slentho, kencer, kempyang, kenong, clempong, saha kemanak. Gamelan-gamelan punika gadhahi peranan ingkang benten, ananging nggadahi hubungan ingkang boten saged dipun pisahaken pramila gamelan-gamelan punika setunggal perangkat. Bilih dipun pisah-pisahaken perangkat punika bakal nggadahi nilai filosofi ingkang benten, sampun boten saged dipunn sebat gamelan malih. 
Gamelan nggadhai laras, laras inggih punika swanten ingkang ajeg inggilipun, boten owah, kasebat ugi nada. Boten namung menika, wonten ugi titi laras inggih punika notasi nada ingkang dipunserat mawi paugeran sistem nada laras saha pathet. Bilih pathet inggih punika andap inggilipun laras, minanggka wates wilayah nada. Gamelan saged dipun perang dados kalih laras, inggih punika laras slendro saha pelog. Bentenipun laras slendro saha pelog inggih punika ing pathetipun. Bilih slendro nggadahi gangsal nada 1,2,3,5,6. Bilih pelog nggadahi nada 1,2,3,4,5,6,7. Pathet ing laras slendro inggih punika pathet nem, pathet sanga, saha pathet manyura. Bilih pathet ing laras pelog iggih punika pathet lima, pathet nem, saha pathet barang.


B. Watesan Perkawis
Ing makalah gamelan punika luwih dirembag ngengingi sejarah gamelan saha maknanipun,jenis-jenis piranti gamelan,perangan piranti gamelan,cara damel gamelan, makna filosofi gamelan, sesaji nalika damel piranri gamelan, saha maknanipun filosofi sesaji nalika damel gamelan.

BAB II
PEMBAHASAN

A. Sejarah Gamelan & Makna 
Gamelan saking ukara “gamel” ingkang gadhahi makna nabuh ingkang dipundereki pungkasan “an” ingkang dadosaken ukara gamelan gadhahi makna piranti. Gamelan gadhahi makna kesatuan piranti musik ingkang dipuntabuh sesarengan.
Boten wonten bab ingkang jelasngengingi sejarah dadosipun piranti musik punika. Pramila gamelan dipunkintun lahir saking jaman hindu-budha ing Indonesia. Perkembanganipun piranti gamelan wonten bentenipun kaliyan piranti gamelan india ananging, wonten ciri-ciri ingkang boten saged dipun icalaken. Salah satunggalipun inggih punika cara nembangaken tembang. Ingkang nembanagaken bilih jaler dipunwastani wiraswara, bilih estri dipunsebat swarawati. Miturut mitologi jawa, gamelan dipunciptaaken kaliyan Sang Hyang Guru ing wulan Saka. Sang Hyang Guru inggih punika batara ingkang nguasani sedaya tlatah jawa, kaliyan kerajaan ingkang mapan wonten ing gunung Mahendra, Medang Kamulan (sakmenika dipunsebat gunung Lawu).
Piranti gamelan ingkang dipun ciptakaken ingkang nomor satunggal inggih punika “gong” ingkang dipun ginakaken kagem manggih para batara. Saksampunipun dipun ginakaken kagem paring makna khusus. Sang Hyang Guru nyiptakaken malih piranti gamelan arupi kalih gong, ngantos pungkasanipun wonten seperangkat gamelan. 
Ing jaman Majapahit, piranti gamelan ngalami perkembangan ingkang sae sanget ngantos bentukipun nyebar ing daerah-daerah kadosta Bali saha Sunda.
Bukti otentik ingkang angka sepisan ngengingi kawontenanipun gamelan dipuntemokaken ing candi Borobudur , Magelang Jawa Tengah ingkang jumeneng saking abad8. Ing reliefipun saged dipuntingali piranti-piranti kadosta suling bambu, kendhang, lonceng ugi kendhang ingkang gadhah ukuran werni-werni, kecapi ,piranti gamelan dawai ingkang dipungesek ugi dipunpetik, ananging boten kathah relief ingkang nyariosaken piranti gamelan saking logam. Perkembangan saklanjutipun, gamelan dipunginakaken kagem ngiringi pagelaran ringgit saha tarian. Ngantos ingpungkasan saged wilujeng piyambak dados piranti musik saha dipunlengkapi kaliyan swaten para pesinden.
Ngelmi ingkang dipun kajengaken inggih punika bilih tiyang jawa kedah nguri-uri keselarasan gesangipun jasmani saha rohani, ugi kaselarasan bilih ngendika saha anggenipun tumindak. Pramila tiyang jawa kedah ngindahi ekspresi ingkang temperamental ananging kedah usaha mujudaken toleransi kaliyan sesami. Wujud ingkang nyata wonten ing piranti gamelan inggih punika tarikan tali rebab ingkang dipun paduaken kaliyan keseimbangan swanten kenong, saron,kendhang, saha gamelan ugi swanten gong pungkasan irama.
Penelaan saha pandamelanipun orkes gamelan inggih punika proses ingkang kompleks sangat. Gamelan ginakaken sekawn penelaan inggih menika slendra, pelog, dengung (khusus tlatah sunda), saha madeda (ugi dipunkenal diatonic), sami kaliyan skala minor asli ingkang kathah diginakaken ing eropah.
Komposisi gamelan dipunciptakaken kanthi paugeran inggih punika putaran saha pathet, dipun batesi kaliyan satunggal gong ugi melodinipun ingkang dipunciptakaken kanthi seperangkat inggakng gadhahi sekawan laras.

B. Jenis-Jenis Piranti Gamelan
Piranti gamelan utawi prabot gamelan ingkang dipuwastani ricikan nggadhahi aturan-aturan kang pakem, antawisipun saben piranti nggadhahi fungsi piyambak-piyambak. 
a. Ing ngandhap punika andharan cekak bab ricikan gamelan miturut tlatah budayane :
1. Gamelan Jawa
2. Gamelan Banyuwangen
3. Gamelan Banyumasan
4. Gamelan Crebonan
5. Gamelan Malaysia
6. Gamelan Bali
7. Gamelan Sunda
8. Gamelan Banjar
9. Gamelan Kromong
10. Gamelan Semarang
11. Gamelan Amerika
b. Gamelan ugi wonten ingkang dipunageng khususipun kagem Kraton. Ing ngandhap punika tuladhanipun :
1. Gamelan Kraton Surakarta
2. Gamelan Puro Mangkunegaran
3. Gamelan Kraton Yogyakarta
4. Gamelan Puro Pakualaman

c. Ing ngandhap punika andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, baha, lan cara nabuh :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).

2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.


3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.

 4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.

5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.

6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.

C. Perangan Piranti Gamelan
1. Kendhang
Peranganipun kendhang inggih punika: Tebokan inggih menika wacucal ingkang nutup kiwa tengen bolongan klowongan/urung, Janget inggih menika tali wacucal ingkang kangge nyeneng tebokan, Suh inggih menika karah saking wacucal kangge ngencengi utawi ngendhoni janget gayut swanten kendhang, Plangkan inggih menika piranti kangge nyelehake kendhang.
2. Gender
Peranganipun gender inggih punika: Pluntur inggih menika dipunpantheng dhateng golekan, Sanggabuwana: piranti kangge nyangga saben 2 let wilahan, Bendha inggih menika piranti kagem nabuh gender, Sidhik inggih menika piranti kangge ngancing wilahan ingkang dipunrenteng ngangge pluntur.
 3. Slenthem
Peranganipun slenthem inggih punika : Pluntur inggih menika dipunpantheng dhateng golekan, Golekan, Sidik inggih menika piranti kangge ngancing wilahan ingkang dipunrenteng ngangge pluntur, Sanggabuwana inggih menika piranti kangge nyangga saben 2 let wilahan, Bendha inggih menika piranti kagem nabuh slenthem.
4. Gambang
Peranganipun gambang inggih punika : Kajeng LengkI, Resonator inggih menika piranti ingkang maringi resonansi frekuensi ingkang khusus ing gamelan.
5. Demung
Peranganipun demung inggih punika : Tawonan, Paku inggih menika kagem mantheng suh, Resonator inggih menika piranti ingkang maringi resonansi frekuensi ingkang khusus ing gamelan, Gandhen inggih menika ingkang dipundamel saking sungu mahesa
6. Saron
Perenganipun saron inggih punika : Tawonan, Paku inggih menika kagem mantheng suh, Resonator inggih menika piranti ingkang maringi resonansi frekuensi ingkang khusus ing gamelan, Gandhen inggih menika ingkang dipundamel saking sungu mahesa.
7. Peking
Peranganipun peking inggih punika : Tawonan, Paku inggih menika kagem mantheng suh, Resonator inggih menika piranti ingkang maringi resonansi frekuensi ingkang khusus ing gamelan, Gandhen inggih menika ingkang dipundamel saking sungu mahesa
8. Slentho
Peranganipun slentho inggih punika : Pencu, Pluntur dipunpantheng dhateng golekan, Sidhik inggih menika piranti kangge ngancing wilahan ingkang dipunrenteng ngangge pluntur, Resonator inggih menika piranti ingkang maringi resonansi frekuensi ingkang khusus ing gamelan.Tabuhane sinebat Gembel
9. Bonang
Peranganipun bonang inggih menika : Pluntur inggih menika dipunpantheng ing rancakan kangge nata larik 2 sab bonang. Sab nginggil tebih saking niyaga sinebat brunjung, sab ngandhap caket niyaga sinebat dhempok. Bindi inggih menika Tabuhane bonang.
10. Kempul
Peranganipun Kempul inggih menika : Gayor inggih menika piranti kangge gantung kempul ngangge pluntur, peranganipun pencu, praen, widhangan/bahu, gegesan. Gayor Ngayogjan padatan dipunsukani canthelan, rinengga cundhuk lunglungan. Ingkang gayor Surakartan padatan boten mawi cathelan, rinengga cundhuk nagan. Tabuhipun sinebat gembel.
11.  Rebab
Peranganipun rebab inggih menika popor ngisor, cakilan, bathokan, membran, watangan, kupingan, cundhuk, jendra, srenten, bremara.
12.  Celempung
Senggreng ingkang dipundamel saking kajeng kaliyan bubat.
 13.  Suling
Nggadahi bolongan/ rongga angin ingkang dipungeteraken liwat sebulan angin.

D. Cara Damel Gamelan
Proses ndamel gangsa wonten gangsal perangan :
1. Mbesot : nglebur campuran
2. Nyingi  : nyetak
3. Nempa : ndamel bentuk kanthi cara mukul
4. Mbabar : ngrampungi
5. Nglaras :ngatur nada
1. Mbesot
Sepindah dipun siapaken “kowi” injih menika bentuk mangkok kadamel saking lempung dicampur rambut pari saklajengipun dipun siapaken “prapen”utawi papan kagem manggang ingkang saged ngasilaken panas ingkang inggil. Kowi ingkang sampun dipun isi campuran logam dipun panasake ing nginggil prapen kanthi suhu 3000 saengga dados bubur wesi werni putih ingkang dados bahan perunggu dipun arani “gasa”gasa ingkang sae werninipun cemeng mengkilap menawi mboten sae kedah dipun lebur malih. Kowi ingkang dipun ginakaken werni-werni miturut kathahipun logam ingkang dipun campur saengga kaping pisan peleburan kanthi bahan paling kathah 2000cc saged ngasilaken setunggal utawi pinten-pinten gangsa.

2. Nyingi
Nyingi utawi nyetak leburan logam badhe ndamel bentuk tigang werni utawi cetakan :
1. Bentuk ndawan utawi bentuk bunder dawa ingakang dados bilah
2. Bentuk bunder kanthi ukuran setengah bunder kagem ndamel pencon
3. Bentuk pasingen utawa cebongan(rerudu)
3.Nempa
Proses mbentuk gasa kanthi nempa dados bentuk ingkang dipun maksud tiyang ingkang nempa dipun wastani pandai(pande) dipimpin empu cachipun pande tiyang sekawan ngagem alat palu ingkang agengipun benten-benten palu ingkang paling alit injih menika palu ngajeng dipun cepeng pande ingkang nami wirun, palu ingkang langkung ageng kasebut palu tengah dipun cepeng pande ingkang name Handaga, ingkang langkung ageng malih dipunwastana palu pengapit kacepeng ingkang name Kartala lan ingkang palu paling ageng tepong dipun cepeng Brajanata. Logam dipun gembleng kanthi sekawan ritme ngatos gasa dados tipis  proses nggembleng rampung diwiwiti saking Brajanata dumugi irama “tiga”dumugi kartolo mandeg lan ingkang pungkasan wirun. Saklajengipun logam gasa dipun sempunakaken kaliyan empu ugi dipun panasaken wonten ing prapen ngantos warna abrit lajeng dipun tempa malih. Empu dipun batu tunkang “lamus” ingkang badhe nyebul angin miturut aba-abinpun empu. Kagem ndamel bentuk bulat ngagem pencon kados kenong, gong utawi kempul ngagem cetakan bentuk piring ingkang dipun tempa saking njawi  ngantos bentuk melebar. Sak wetawis 4 pande  ndamel lempengan gangsa, empu utawi babagan menika dipun arani panji sepuh ngarahaken sekawan pande menika kanthi ngagem wesi dawa ingakang kasebut “panyukat” kanthi muter lang nggerakaken lempengan gasa wonten papan ingkang pas babagan ingkang angel pedamelan babagan ndamel pencon lan nglipat pinggiran gong, ingkang dipun damel kaliyan panji agung, palu dipun gerakaken kados macul supados angsal pinggiran kanthi muter lempengan gasa. Menawi damel pencon wonten mapinten-pinten cara ingantawisipun kanthi mukul tengah lempengan gasa ngagem palu ingkang pucukipun bentuk bulat telur utawi kanthi ndelehaken lempengan gasa wonten ing nginggil watu ingkang bolong agenginpunsami kaliyan pencon lajeng dipun pukul.
Menawi ndamel bilah kados bilah saron bentukcetakan dipun tempa ngantos bentuk bilah ingkang dipun maksud, bentuk penampang bilah ugi dipun ginakaken kagem ndamel bilah genderbiasanipun kanthi bentuk “kruwengan”. Saking bentuk-bentuk menika saged ndadosaken mapinten-pinten gaya, kados dene bentuk “jaya baya”, bentuk “siyem” bangun “mojopahit” lan bangun “pajang”. Ukuran hasil tempaan biasanipun benten-benten midherek Empu Gangsa umumipun nggadhahi ukuran 
Bilah
Panjang
Lebar
Tebal
Saron Demung
26 cm
6.8 cm
1 cm
Saron Barung
19 cm
4.7 cm
1 cm
Saron Peking
14 cm
3.5 cm
3.3 cm
Slenthem
27 cm
7.5 cm
0.4 cm
Gendem
14 cm
9 cm
0.6 cm
Ananging ukuran menika saged owah miturut hasil akhiripun saksampunipun dipun laras utawi “cuning”.

4. Mbabar
Mbabar injih menika ngrampungaken babak akhir kanthi bahasa asing “finishing” injih menika gangsa ingkang sampun dados ananging tasih kasar dipun kikir utawi alusaken kanthi ngatos-atos supados mboten nguwahi nada. Pedamelan ngikir  ingkang sepindah ngagem kikir kasar lajeng kikir alus  dipun pungkasi ngagem kertas amplas alus supados mengkilap. Panggenan bilah-bilah saron, gender, slenthem, kenong, kethuk, lan bonang ugi sanesipun sedaya dipun alusaken dumugi mengkilap. Anaging panggenan gong ageng ingkang dipun gosok mengkilap panggenana penconipun kemawon, papan sanesipun dipun werna aslinipun injih menika werna cemeng. Urutan cara damelan mungkasi(finishing) injih menika :
1. Ngikir ngagem kikir kasar
2. Ngikir ngagem kikir alus
3. Nggosok mawi gesik alus
4. Ngalusaken pataran
5. Nggosok ngagem batu timbul kangge ngicalaken guratan kikir
6. Nggosok ngagem batu asahan kangge ngicalaken guratan saking batu timbul
7. Nggosok ngagem arang kanggen ngicalaken guratan batu asahan
8. Nggosok ngagem serbuk bata
9. Nggosok ngaggem obat gosok utawi polis

Sebutan kagem pedamelan nggosok, gangsa ingkang nggadahi pencu inggih menika :
a. Pencu ingkang mengkilap kasebut gambang repetang
b. Pencu lan Rai : Padang bulan
c. Pencu, Rai, Recep dumugi dudu kasebut Bopongan
d. Seluruhnya mengkilap kasebut Gilapan

Aran bagian gangsa ingkang nggadahi pencu, ing ngandhap punika :


Alat ingkang sanes logam injih menika gambang. Gambang dipun susun ngagem bilah cacahipun 3 oktaf lan kanthi pukul ingkang gagangipun kadamel saking kayu utawi sungu, bagian pemukul dipun liliti tali “lawe” utawi benang katun. Gambang mboten ngagtem bambu minangka resonator, ananging ngrabagan utawi badan gambang menika ingkang dados resonator. Bahan biasanipun saking kayu Selangking, Kayu Sembiri utawa Kayu Gembuk. Kayu menika mboten saged ilang werninipun senajan mangsanipun ngalami owah-owahan.
5. Nglaras
Kagem mungkasi ndamel gangsa injih menika nglaras utawi nyocokakaen nada wonten ing gangsa utawi “tuning” , pedamelan nglaras menika umumioun dipun lampahi kinten-kinten kalih tahaun sepindhah cara nglaras kagem bilah kados dene saron, gambang, slenthem, ugi jenis bilah sanesipun kanthi cara ngilangi kandelipun bilah dipun bandingaken kaliyan panjangipun bilah nglaras bilah ugi saged kanthi nggatungaken bilah wonten ing tali ingkang pun jereng saklajengipun bilah dipun pukul ngantos wonten getaranipun, menawi nadanipun keduwurenkagem ngedunaken dipun tipisaken bagian tengah bilah ngangge kikir utawi amplas, menawi nginggilaken nada kanthi nipisaken pinggiripun bilah. Kagem ngirangi suara overtune panggenan gender lan slenthem. Wonten ngandaipun bilah dipun maringi bamboo utawi bumbung, ingkang saged dados resonator.
Gender lan slenthem ingkang migunakaken bumbung kangge resonator ketingal ruasipun kanthi ruas pendek wonten ing nada inggil, lan andhap wonten ing nada-nada ingkang langkung andhap ugi, wonten ing gangsa ingkang nggadahi pencu kados kenong, kempul lan gong pedamelan nglaras menika dipun lampahi kanthi nipisaken supados nada langkung inggil, sewalikipun nglebaraken bau utawi sayap panggenan gong, ananging nglaras wonten ing alat menika mboten asring pun lampahi amargi nadanipun mboten cepet owah. 
Biasanipun kangge nglaras perangkat gangsa mbetahaken wekdal kalih minggu kagem sedaya instrument, jelas menika sanes pedamelan ingkang entheng kagem nglaras gangsa malih.

E. Makna Filosofi Gamelan
1. Bonang barung ugi bonang panglajeng (bonang penerus) 
Bonang barung ugi bonang panglajeng ukuranipun sedengan, nggadahi oktaf  madya ngantos inggil ingkang menawi kula panjenengan sedaya midhanget mungel “nang” kala bonang menika ditabuh. Tembung”nang” menika kagem priyantun Jawa dipunartosaken emut ingkang kagunganmakna filosofis, saksampunipun manungsa miyos, kedah saged nggagas kaliyan penggalih ingkang bening dadosipun keputusan ingkang dipunpundhut kaliyan kemutan. 

2. Kethuk 
 Kethuk ngrupikaken instrumen gamelan ingkang mungel “thuk” kala ditabuh. tembung “thuk” menika kagem priyantun Jawa dipunartosaken dados manthuk ingkang artosipun setuju, ingkang dipunpangangkahaken kersanipun manugsa kedah setuju kaliyan sedaya utus ugi awisan Gusti Allah. 

3. Kendhang 
 Kendang ngrupikaken pirantos gamelan ingkang kengasta saking ketos nangka. Dawa kendang 85 cm ugi garis madyanipun 16-20cm. Kendang menika ngrupikaken pimpinan lebet amengan gamelan, kendhang ugi ngedhangsulaken irama enggal utawi alon lebet amengan gamelan. tembung kendang dipunpundhut saking ungel pirantos musik menika kala dipunamengaken yaiku mungel “dang”. menggah ing filosofi saking ”ndang” ngrupikaken tembung nyambut damel ingkang ngagungani artos ngenggala lebet ibadah dhateng Gusti Allah.

4. Kempul 
 Kempul ngrupikaken salah satunggaling instrumen gamelan, ingkang mirip kaliyan gong, namung kemawon ukuranipun langkung alit. Biasanipun kempul menika ditabuh kaping pinten-pinten ingkang lajeng disusul kaliyan tabuhan gong. Lebet bahasa Jawa, kempul dipunartosaken kempal, tembung menika ngrupikaken tembung ngajakaken kagem jama’ah lebet ngibadah. 

5. Saron 
 Saron kengasta saking badhe tosan, ketos, karet, ugi paku kaliyan bentukipun  kados lesung alit. Saron menika ngagungani gangsal warna  miturut oktaf adhedhasare. Tembung saron menika lebet bahasa Jawa kaasman sero.

6. Gender 
 Gender asalipun saking tembung gendera, gendera ugi ngrupikaken simbol parmulaan. Gender menika dipunamengaken ngrumiyini piranti musik bentenipun.

7. Rebab
 Rebab ngrupikaken salah satunggaling pirantos gamelan ingkang dipunungelaken rumiyen menawi gender mboten wonten. menggah ing jarwi filosofis saking rebab menika yaiku tujuan utawi kekajengan saking mukawis tindakan.

8. Gambang 
 Gambang asalipun saking tembung gamblang ingkang nduwe artos imbang ugi pertela utawi cetha, ingkang nunjukaken wontenipun kasaimbangan antawis kesugengan dunia ugi kesugengan jaman kailangan.

9. Suling 
 Suling ngrupikaken salah satunggaling intrumen musik gamelan ingkang kengasta saking deling (pring), menggah ing upakara ngamengaken  pirantos musik menika kaliyan upakara disebul ngantos medhalaken ungel. lebet bahasa Jawa, filosofis suling yaiku eling ingkang artosipun enget, artosipun kersanipun manungsa salajeng enget badhe kewajibanipun.

10. Siter
 Siter ngrupikaken  pirantos gamelan ingkang asalipun saking tembung siteran. Siter menika ngrupikaken pirantos musik petik.

11. Gong
 Gong ngrupikaken pirantos gamelan ingkang paling pertela swantenipun kala dipunungelaken amargi ukuranipun agung sanget ingkang mungel gong…ng…ng.

F. Sesaji nalika Damel Piranti Gamelan
Gamelan dipunanggep nggadhahi nilai supranatural. Pramila boten angsal dipuntabuh kanthi sembrana. Sakderengipun dipuntabuh piranti-piranti gamelan kedah dipunparingi prosesi tartamtu. Ing tlatah tartamtu wonten kapercayaan ingkang kedah paring sesaji sakderengipun gamelan dipun tabuh. Sesaji punika dipunsiapaken kaliyan ingkang gadhah hajat. Prosesi punika betahaken uba rampe arupi ayam, menyan, lisah, wos, sekar, ron suruh, tumpeng, jajanan peken, toya sekar, cikal, dupa, minyak wangi, ugi sakpanunggalanipun. Bilih salah satunggaling piranti sesaji punika boten wonten, gamelan boten angsal dipuntabuh ngantoisd sesaji punika lengkap. 
Miturut kapercayaan salah satunggaling grup ingkang gadhahi gamelan ing dusun Lendang Nangka, bilih sesaji punika boten lengkap pramila wonten kadadean-kadadean ingkang boten dipun kajengaken kaliyan ingkang ngadhahi hajat.  
Prosesi saha paugeran supranaturan punika boten namung dipunginakaken nalikanipun gamelan dipun tabuh, ananging ugi dipunginakaken nalikanipun damel gamelan.

G. Makna Filosofi Sesaji
Adicara punika mbetahaken uba rampe, inggih punika :
· Ayam ingkung simbol saking patrap bapak uga ibu mawi lambang lelabetan ing lebet gesang. Falsafahipun inggih punika dipunpangangkahaken kajengipun kula panjenengan sedaya salajeng nggadhahi raos tresna asih kaliyan tiyang sanes, paling utami ing keluarga, ugi nggadhahi raos pasrah dhateng Gusti Allah sacara ikhlas (legowo).
· Kemenyan symbol saking pirantos permohonan ing wanci tiyang berdoa. Kemenyan  ingkang dadosaken kukus ingkang mambet wangi.
· Dupa saha Minyak Wangi  lambang saking wangi-wangian uga katenteraman. Falsafahipun inggih punika wodening pangangkah ingkang tertuang badhenipun kula panjenengan sedaya salajeng njagi keharuman nami pribadi, keluarga (tiyang sepuh), ugi katenteraman pribadi kaliyan cara nglampahaken sujud manembah dhateng Gusti Alah sacara heneng- hening uga eling
· Wos  nglambangaken kasempurnaan saha katuntasan. Kagem manungsa, menawi nindakaken salah satunggaling bab kedah saking manahipun boten naming sembrono.
· Sekar Setaman kajawi nglambangaken raga, ugi lambang kegesangan social. Falsafahipun inggih punika kajawi praduli majeng raga, klebet salajeng ngatos-atos lebet ngginakaken raga, ugi tentunya kita sedaya kedah saged bergaul kaliyan sinten kamawon, gampil beradaptasi, bertoleransi inggil, ngaosi sesami, ngeling menawi gesang kula panjenengan sedaya punika ing madya masyarakat majemuk.
· Jajanan pekenlambing saking hubungan kemasyarakatan (ingkang kathah uga benten). Falsafahipun inggih punika kajengipun kula panjenengan sedaya saged salajeng gesang rukun kaliyan sesami, saged nyaekaken macem-macem pangraos tiyang benten, ngasringaken system kepamongan, bertoleransi inggil,saha liyanipun.
· Cikal/klapa muda Cengkir = kencenging piker, symbol kekiyatan angenan uga kekiyatan kajeng nanging wosipun kebeningan. Falsafahipun inggih punika lebet numindakake samukawis upados badhea mboten nyandhalaken angenan uga kajeng atos kamawon nanging kedah ugi landasipun pangangkah uga tujuan ingkang resik/suci.
· Tumpeng menika dipuntilik saking tembung tumungkula sik mempeng. Ingkang nggadhahi makna bilih ngersakaken gesangipun raharja kedah sregep ngibadah.
· Toya sekar nglambangaken toya ingkang dados kabutuhanipun tiyang/manungsa ing saben dintenipun.